[PRE ORDER]
Kadospunapa to kawontenanipun manungsa hing ngarsanipun Gusti? Manungsa ngudi ngelmu, kawicaksanan, kalandeping pikir, kasekten, lan kasampurnan. Manungsa ngetang dinten lan ngupadosi jatining kaleresan hingkang tuwuh saking prekawis hingkang sumberipun saking olah akal budhinipun piyambak. Punika hingkang ndadosaken manungsa gunggung, nalisir, lan mboten ngestosaken pranatan ingkang dipun kersakaken dening Gusti. Manungsa mboten nyondhongi klayan karsanipun Gusti, mboten nindakake katresnan, lan mboten wanuh dening Gusti. Kawicaksanan dados cubluk. Manungsa kedah tobat lan mbetahakan kawilujengan. Hananging, sinten to Gusti hingkang dados Pamartaning Jagad? Sinten to hingkang saged mbirat dosa lan kalepatanipun manungsa? Sinten to Asma hingkang pinunjul, hingkang saged nulungi, nebus, saha milujengaken salumahing bumi lan sak kurebing langit? Sinten to Gusti hingkang badhe rawuh lan ngadili jagad? Sinten to Gusti hingkang sakmenika nimbali kawula lan panjenengan dados abdi lan wiyatanipun? Kadospundi to kawula lan panjenengan ingkang sampun dados abdinipun Gusti ngampahi gesang punika? Punika sedaya hinggih prekawis ingkang wigati sanget hing lelampahan gesang kita. Punika hingkang dipun nastiti lan wedharaken wonten hing parembagan lan serat-serat tilaranipun Eyang Drie. Para sedherek kinasih, kawula ngaturaken wilujeng maos
Tahun Terbit |
2024 |
Penulis |
K.R.M.H. Tatas Hardo Panintingjati Brotosudarmo |
ISBN |
Edisi |
I |
Halaman |
290 |